Rabu, 11 Oktober 2017

Rahasia Piweling

Lee Sinauo!"

Rahasiane ngene...wong tuwomu kui marem nyawang sliramu sinau, do'ane soyo dikuat kuatke. Sak wektu sliramu entuk biji opo maneh kok biji kurang, wong tuwamu mesti soyo welas. Yaa Alloh, wes direwangi sinau mempeng wae bijine kurang....mesti direwangi prihatin barang. Lha yen toh sliramu luwih mempeng le sinau, insyaAlloh, mbesuk 'llmumu bakal barokah amargo do'ane wong tuwamu.

Sak walike, keset sinau dikandhani ra digugu, wong tuwamu bingung. Do'ane tetep ning wae setengah saking pasrah...piye maneh

Prihatinmu kui yo sinau. Prihatine wong tuwomu iku mesthi luwih abot. Lha opo toh gunane prihatin? Prihatin kui mbeningke ati, yen ati bening iku gampang nompo piwulang.

Saiki gatekno yo, menowo siro ora sinau selagi wulanganmu banget akehe. Sewiji wulangan lagi mbok isani wes katumpo wulangan sing anyar liyane. Buku  wulangan nggonmu ndemok mung pas wulangan kui, paling pinter sliramu mung banget sethithike ora nyukupi ...opo maneh nganti ilmune mapan ono pikiranmu utawa iso mbok terapke ono ing panguripan saben dinane...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar