Roso sejati
Sejatine roso tuwuh naliko wayah lingsir wengi, kelak
kelik dewe mung kepireng penake wong lagi ngorok, lemut semenging
nggriseni, tekek tumlawung ngelik jemepret. Eh, roso cedak karo sing
paring urip.
Lha roso sejati iku yen mlebu metune ambegan tansah
sesarengan eling marang sing pariing gratisane angin kanggo
ambegan...wes to cobo rasakno dewe.. Kok yo nganggo irung sing ono
ngarep, dadi gampamg lengarahke milih angin sing enak. Nek irung ki ora
neng nggone kono kui wah jian repot tenan. Lha mikir ngono lak yo
nuwuhke roso syukur karo sing Peparing.
Sajakne ora ono sing
ngungkuli roso sejatine penak,, tentrem, ayem dibanding karo roso tansah
sesandhingan karo sing Gawe urip
Tidak ada komentar:
Posting Komentar